Raden Ajeng (RA) Kartini iku pahlawan wanita kang wis ditepungi bebrayan agung amarga berjuwang kanggo kapreluan dhasare wanita, yaiku pendhidhikan. Kartini duwe panemu utawa gagasan, bocah wadon kuwi ora beda karo bocah lanang babagan hak pendhidhikan. Apa maneh, bocah wadon kuwi calon biyung, saengga kudu duwe kapinteran kanggo sangu memulang anak-anakke. Banjur saiki, bocah lanang-wadon padha bisa sekolahe, ora ana sing dibeda-bedakake maneh kaya jamane Kartini.
Ing jaman modheren iki, banjur dadi lumrah ana wanita bisa dadi sarjana. Malah Indonesia uga wis tau duwe presiden wanita, yaiku Megawati Soekarno Putri. Iki pancen salah sijine tandha wanita jaman saiki ora bisa disepelekake maneh, ora bisa namung dadi kanca wingking, ora namung ngurusi pawon utawa dhapur, sumur lan kasur. Emansipasi wanita wus trep lan ngepas ing papan panggonane. Yen bisa ndeleng jaman saiki, bias wae Kartini mesem lan ngguyu marem.
Ananging sing isih mrihatinake yaiku ndeleng kahanan lan sesambungane kanoman, lanang lan wadon saya kurang mantep lan kepara kebablabasen. Akeh crita, bocah wadon isih sekolah, durung duwe bojo, wis mbobot. “Aku sejatine sarujuk, ora ana bedane lanang lan wadon babagan pendhidhikan. Kabeh duweni hak pinter lan mangan bangku sekolah. Aku uga sarujuk babagan bocah wadon duwe kanca lanang lan duwe kegiyatan bareng,” ujare Ketua Jurusan Sastra Daerah FSSR UNS, Supardjo, nalika ditemoni Espos ing kantore, Selasa (17/4) awan.
Babagan kuwi pancen duwe daya pangaribawa kang becik lan kuwi uga dadi tandha ora ana budaya pingit maneh. Ananging yen ana crita sesambungan kang keblabasen kaya kuwi, piyambake uga sedhih lan ngelus dhadha. Ana sing kliru babagan sesambungan kuwi mau, yaiku wis ora ditrapake piwulang agama lan piwulang jroning urip bebrayan. Kabeh dadi bebas kang banget bebase, bablas kebablasen, ora ana watesan antarane bocah lanang lan wadon. “Kabeh bapa-biyung mesti susah yen nemoni kahanan kaya ngono kuwi,” ujare piyambake.
Kabeh pacobaan kuwi kudu dipikirake lan digatekake dening para bapa-biyung. Apa wis bener bapa lan biyunge menehi tuladha, apa wis bener bapa lan biyunge menehi piwulang tatakrama, uga apa wis bener bapa lan biyunge menehi trapsila lan subasita? Ora kabeh kaluputan iku disandhangake marang bocah, ananging para wongtuwa uga kudu gelem ngaca ing kaca benggala karo mbatin, apa uwis bener olehe menehi hak-hake anak.
Dijabarake Supardjo, salah sijine bisa dadi piwulang tatakrama yaiku nerapake basa Jawa ing urip padinane. Sebab basa Jawa bisa dadi salah sijine cara supaya anak bisa duwe unggah-ungguh marang wongtuwa. “Contone nalika liwat ing ngarepe wong tuwa, kudune karo ngucap nuwun sewu, ndherek langkung. Ora karo glelang-gleleng. Mesthine bocah luwih duwe tatakrama lan trapsila,” piterange.
Nerapake basa Jawa kanthi bener uga bisa dadi piwulang tatakrama kang pas. Basa Jawa duwe pirang-pirang jinis utawa undhak-undhakane, kaya dene ngoko, ngoko alus, krama alus, krama inggil lan sakpiturute. Undhak-undhakane kuwi mau bisa bisa dadi tatacara nerapake tatakrama lan bisa thukul rasa urmat marang wongtuwa. Pancen budaya, salah sijine basa Jawa kuwi kebak daya pangaribawa, yaiku piranti kanggo rembugan, uga bisa kanggo pawiyatan tatakrama, trapsila lan subasita.
Babagan pendhidhikan kanggo bocah wadon, ujare Supardjo, pancen ana bedane tinimbang bocah lanang. “Bocah lanang kuwi kaya bal ing dhuwur meja, yen bocah wadon kuwi kaya gelas ing dhuwur meja. Kabeh yen padha tiba, sing isih bisa menthul-manthul bale. Gelase mesthine ambyar,” ujare.
Saengga, bapa-biyung sing duweni anak wadon, kudu luwih ngati-ati lan waspada. Kudu ana piwulang babagan wates-watese bocah lanang lan bocah wadon tumrap lingkungan lan kanca-kancane. “Yen bocah lanang bisa metu bengi karo kanca-kancane, bocah wadon kudu luwih ngati-ati,” tandhese.
Tuladha liyane, carane lungguh bocah lanang bisa bebas, kanthi jegang utawa liyane, ananging yen bocah wadon sing jegang bakal diarani ora lumrah lan ora tata, utawa lungguh ing ngarep lawang. Kuwi mau ora banjur hak-hake bocah wadon diwatesi. Kuwi mau dadi wujud carane wong Jawa mapanake bocah wadon ing kalungguhan kang dhuwur, luwih-luwih bocah wadon kuwi suk yen wis diwasa bakal dadi biyung sing duwe tanggung jawab gedhe.
“Siji maneh sing bisa dadi wadhah piwulangan kanggo bocah yaiku kasenian Jawa, salah sijine sinau beksan Jawa,” ujare Supardjo. Beksan Jawa kaya kaputren duwe solah mobah sing alus, alon-alon lan ayu.
Miturut piyambake, beksan iku ora amung banjur piguna kanggo penglipur, ananging uga kanggo ngobahake rasa lan jiwa. “Pancen bener, bocah wadon sing melu beksan Jawa, tindak-tanduke, solah mobahe alus lan ayu,” tambahe piyambake.