Yen ana sing takon, geneya rakyat padha mata dhuwiten nalika suwarane dadi rebutan dening tokoh-tokoh politik nalika arep pemilu? Wangsulane wis cetha, jalaran kabeh sing bisa nglungguhi kursi DPRD lan DPR Pusat bakal lali marang rakyat lan malah padha gelis-gelisan sugih. Dene kabeh bisa gelis sugih jalaran pancen bisa sewenang-wenang ngreka-ngreka lan nggolor-olor anggaran proyek-proyek.
Luwih cethane, kabeh tokoh politik uga mata dhuwiten saengga saben-saben obah tangane mesti kudu nampa dhuwit sing diarani komisi resmi utawa komisi ora resmi. Dene komisi resmi bisa wae dianggep wis sarujuk karo paugeran saengga ora dianggep korupsi. Dene komisi ora resmi kaya sogok-sogokan wis cetha yen kuwi nerak paugeran. Nanging yen kabeh padha nerak paugeran mangka dianggep lumrah-lumrah wae.
Wis ora bisa dibantah maneh yen kabeh anggaran proyek dadi bancaan dening kabeh tokoh politik sing ana ing legislatif lan eksekutif. Pokoke kabeh mesti padha-padha nampa jatah saben-saben ana proyek.
Pesugihan
Wis akeh kanyatan yen politik pancen dadi pesugihan. Contone, kabeh wong bisa gelis sugeh mbegegeh jalaran dadi tokoh politik (pengurus parpol lan wakil rakyat). Sing maune numpak motor abrek-abrek banjur bisa tuku mobil anyar. Sing maune omahe RSS banjur bisa tuku omah loteng sing magrong-magrong.
Nanging pancen akeh kapital sing kudune dicawisake dening kabeh wong sing karep dadi tokoh politik. Kapitale ora mung dhuwit nanging uga watek kendel lan tegelan marang sapa wae. Yen mung duwe dhuwit akeh nanging jerih lan ora tegelan mangka bakal dianggep ora pantes dadi tokoh politik. Pantese dadi cukong wae.
Cethane, ora bakal bisa dadi ketua parpol utawa dadi wakil rakyat yen ora duwe dhuwit akeh lan kendel tur tegelan, jalaran saiki saben-saben kursi ketua parpol diregani atusan yuta rupiah utawa malah ana sing nganti punjul saka 1 M, ngono wae tansah dadi rebutan saengga kanca bisa malih dadi mungsuh. Mula saka kuwi kabeh kursi ketua parpol saiki dilungguhi dening wong-wong sing duweni dhuwit akeh lan kendel tur tegelan.
Semono uga yen kepengin dadi wakil rakyat kudune nyawisake kapital sing saakeh-akehe, jalaran saiki suwara rakyat pancen wis kebacut didol tinuku, sapa sing wani ngedum dhuwit paling akeh bakal ngrakup suwara paling akeh. Kosok baline sapa sing ora ngedum dhuwit bakal ora didukung rakyat.
Senajan politik dilarang nganggo dhuwit, nyatane larangan kuwi diterak kabeh calon wakil rakyat nalika arep pemilu. Ing babagan ngedum dhuwit, tradhisi sing kondhang diarani “serangan pajar” pancen wis kebacut lestari lan ora bisa diilangi jalaran kabeh calon wakil rakyat yen kepengin lungguh kursi DPRD lan DPR Pusat kudune akeh-akehan ngedum dhuwit marang rakyat.
Malah unen-unen jer basuki mawa bea wis kebacut dadi syarat kanggo kabeh wong sing kepengin dadi wakil rakyat. Ing babagan iki, akeh rakyat uga duweni unen-unen liya: ola uwik ola obos. Tegese, yen ora nampa dhuwit ora bakal gelem nyoblos. Cethane, kursi wakil rakyat pancen kudu dituku marang rakyat minangka pehak sing duweni kursi kuwi.
“Tumbal”
Yen politik wis dadi pesugihan, mangka bakal ana sing dadi “tumbal”. Dene sing dadi “tumbal” sapa maneh yen ora rakyat? Contone, jalaran anggaran proyek wot lan dalan-dalan padha dadi bancaan mangka wot lan dalan-dalan padha gelis rusak, kamangka saben dinane sing padha ngliwati wot lan dalan-dalan sing rusak kuwi rakyat.
Luwih cethane, yen wot lan dalan-dalan padha gelis rusak, rakyat cilik sing liwat saben dina karo numpak motor utawa sepedha onthel bakal kerep tuku ban jalaran bane gampang melu gelis rusak.
Semono uga akeh rakyat sing cilaka nalika liwat ing dalan sing padha rusak. Kaya akeh kendharaan sing padha kepleset utawa kejengong, padha senggolan utawa tabrakan, jalaran dalane pancen wis rusak kamangka lagi sewulan kepungkur bar diaspal mulus.
Nanging uga ana tokoh politik sing dadi “tumbal”, kaya dene dikunjara jalaran korupsine ora dibagi-bagi karo balane banjur balane tegel lapor marang KPK. Kanyatan ngene kuwi wis dianggep lumrah jalaran ing babagan politik kabeh bala pancen bisa malih dadi mungsuh.
Ing mangsa ngarep sajake bakal saya akeh tokoh politik sing dadi tumbal parpol yen parpol kepengin ditresnani dening rakyat akeh nalika pemilu. Luwih cethane, bakal akeh parpol padha tegel “numpes” kader-kadere dhewe sing wis nyata-nyata korup supaya dianggep minangka parpol sing paling apik lan resik saengga akeh rakyat padha kesengsem.
Malah ing Malaysia wis ana kedaden sing luwih nggegirisi. Yaiku ana parpol sing tegel mitenah marang kadere dhewe kanti pitenah sodomi saengga kader kuwi dikunjara, kamangka jan-jane kader kuwi wis pantes dadi Perdana Menteri jalaran wis tau dadi Wakil Perdana Menteri. Yaiku kang asma Anwar Ibrahim.
Ing negara ngendi wae, politik pancen sarwa reged, apa maneh yen wis dadi pesugihan bakal saya reged saengga saya ngrisen-ngriseni. Ewasemana bakal tetap akeh sing kepincut politik jalaran pancen akeh sing kepengin gelis sugih lan duweni pangkat.
Mulane prelu ngelingi marang pituture wong tuwa: Yen kabeh wis padha mata dhuwiten, negara bakal saya kapiran lan saya mlarat. Saiki bisa disawang, negara kita saya sugih apa saya mlarat? Yen saya sugih, kok saiki utange saya akeh dibanding biyen-biyen?***